My Home Pages;
Maz Bamb's Properties...Thank's to Visit My Site....












Suroboyoan..

Diuber celeng ------------- Sore-sore mari mulih angon, Bunali pethuk ambek Brudin. "Waras ta !! " jare Brudin ndhik Bunali. "Waduh dino iki aku meh mati disruduk celeng " jare Bunali. "Lho kok isok ngono, yok opo ceritone ?" jare Brudin. "Mau awan iku aku pethuk celeng, terus tak garai, tak kileni ambek pring dhadhak nguamuk. Aku diuber-uber katene disrudhuk, untunge iku celenge bolak-balik tibo kepleset, dhadhi aku sempet menek wit klopo". jare Bunali. "Waduh cik sereme, lek aku sing ngalami wis pucet kepuyuh-puyuh gak karuan" jare Brudin. "Lho, aku iyo ngono, kon pikir celenge kepleset opo ?"

Asmuni ----------------- Bunali lagi kulak sandal nang pasar. Moro-moro onok arek marani Bunali. "Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?" takok arek mau. "Dhudhuk !. Ngawur ae.!!" jarene Bunali. "Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau ngeyel. Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau tetep ae ngotot gak percoyo. Ndhik endhi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau. Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih. "Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon !!" "Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.

Wedhus ------------------- Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus. "Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali "Yo lumayan " jare si Mbah "Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh "Sing putih opo sing ireng ?" "Sing putih, wis" "Selawe"' "Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'" "Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket Bunali takon maneh. "Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.." "Yo.." "Pirang kilo mangane sakdino ?" "Sing putih opo sing ireng ?" 'Sing ireng, wis' "Yo kiro-kiro limang kiloan" "Lha sing putih?" "Podho . . ." Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae. "Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?" "Ngene lho, sing putih iku wehusku..." "Lha sing ireng ?" "Podho . . ." :

HOME
MAZBAMB'S

Properties